CILACAP, (CIMED) – Kiye nggo pengeling-eling warga masyarakat, aja pada doyan nginum banyu jahat alias miras nganti mendem (mabok, red). Merga nek wis mendem biasane gampang kesuh, dadi jahat ora kebener marakna ilang nyawa.
Kaya kedadeyan tragis nang Sampang sing tembe bae sewise pesta ndem-ndeman banyu jahat nang latar salah sijine hotel nang wilayah Sampang Minggu wengi (5/4/2026). Siji wong lanang inisial AS (30) asale sekang Kabupaten Demak dilapurakén ilang nyawane sewisé dikeroyok nang wong sing padha melu nginum banyu jahat bareng-bareng.
Polisi wis ngamanaken wong loro sing dadi pelaku pengeroyokan, Z (28) warga Sampang karo A (38) warga Banyumas. Lorone siki wis ditahan nang Polsek Sampang Polresta Cilacap kanggo proses lewih lanjut.
Miturut keterangan Kasi Humas Polresta Cilacap, IPDA Galih Soecahyo, sedurunge kedadayean korban AS karo kanca-kancane nginep nang hotel kono pirang-pirang dina. Sawetara kedadeane dina Minggu wengi antarane jam 00.30 WIB. Wektu kuwe korban mudhun sekang kamar hotel banjur gabung karo wong-wong, bar kuwe gari pada nginum banyu jahat sing marakna ndase nggliyer.
“Pas kondisi ndase agi pada nggliyer korban njaluk dhuwit maring kancane nggo tuku udud. Penjaluke korban kuwe dadi marakna sulaya, awale padu cangkem ning banjur dadi gelut. Korban nganti dikeroyok bareng-bareng,” jere Kasi Humas.
Korban sing wis ora sadhar banjur digawa maring Puskesmas Sampang. Nanging sayangé, nyawané ora bisa dislametakén merga tatune nemen.
Kedadeyan iki dadi pangeling-eling kanggo masyarakat supaya luwih ati-ati karo konsumsi miras. Kejaba kuwi, warga uga diimbau supaya ora gampang kesusu emosi lan luwih ngedepanké cara damai yen ana masalah. (*)



















